Rabu, 07 Oktober 2009

Mepes Hawa Nepsu

Manungsa tinitah karo Gusti Kang Akarya Gesang anduweni kaluwihan katimbang para makhluk liyane. Yaiku diparingi kabebasan. Nanging kabebasan iki kudu dipertanggungjawabke samangsa manungsa mengko ditimbali Gusti ing alam sawise wis ngrucat roh iki saka badan kasar kita.
Kepiye anggone tanggung jawab? Tanggung jawabe yaiku kudu bisa anggunake kabeh daya linuwih iki kanggo njembarake kraton Dalem ing donya. Daya linuwih iki saged marake manungsa mongkog merga daya iki kang anyiptake sing maune ora ono dadi ono lan agawe harmoni ing urip iki.
Nah,kepiye bisane nanggung jawabke kabeh iki yo ora ono dalan kejaba nglakoni mepes hawa nepsu. Kabeh awake dhewe wis padha ngerti ungkapan iki. Mepes hawa nepsu kuwi manungsa kudu bisa ngendalekake hawa manungsa sing cacahe ana 9 bolongan yaiku : mripat(2), irung(2), kuping(2), lambe, bolongan pipis, lan bebuwang. Menawa manungsa bisa ngendalekake 9 bolongan iki, manungsa kuwi iso necep madune gesang iki lan bisa mlebu ing saknjerone Dalem Gusti. Muga2 awake dhewe tansah eling, urip mung mampir ngombe lan mergo sih rahmate Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar